Tuesday, January 22, 2019

Serat Tripama Pada 5 lan 6 + Gancaran,Arti,Lan Terjemahan

Pada Ing Serat Tripama

Pada 5
Suryaputra Narpati Ngawongga
Len yayah tunggil ibu
Aneng nagri Ngastina
Aja kaya jaman mangkin
Manggala golonganing prang
Ngalaga ing Korawa
Wonten malih kinarya palupi
Suwita mring Sri Kurupati
Kinarya gul-agu
Baratayuda ingadegken senapati

Pada 6
Den mungsuhken kadange pribadi
Aprang tandhing lan Sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
Nggenira pikantuk
Marga dennya arsa males sih
Ira Sang Duryudana
Marmanta kalangkung
Denya ngetog kasudiran 
Aprang rame Karna mati jinemparing
Sumbaga wirotama

Gancaran Serat Tripomo Pada 5 lan 6

Pada 5
Adhipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), nagara cilik kebawah nagara Astina.Adhipati Karna iku sadulur Janaka kang tunggal ibu nanging séjé rama. Ramané adhipati Karna iku aran Bethara Surya, déné yèn ramané Janaka iku Pandhu Déwanata, ibuné padha-padha Dèwi Kunthi.Patuladhan saka dhèwèké nalika ana perang Baratayuda adhipati Karna iki ora mbéla marang prajurit Pandhawa, nanging sabiyantu marang prajurit Ngastina, jalaran dhèwèké kepéngin males budi kabecikan marang ratu ing Ngastina iya Sang Prabu Duryudana.

Pada 6
Ing perang Bharatayudha, Karna mbélani Kurawa. Satriya iki ngerti yèn sajatiné Kurawa kang salah. Nanging dhèwèké ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyèn mbela dhèwèké. Ing perang iku, Karna bisa maténi Gathotkaca nganggo pusaka Kuntowijoyondanu. Dhèwèké uga méh maténi Arjuna. Nanging panahé luput amarga Prabu Salya nyendhal jarané. Salya nalika iku dadi kusiré Karna, kang sajatiné mantuné dhéwé. Déné Arjuna dikusiri déning Kresna. Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhingamarga Arjuna uga macak kaya Karna. Ing kéné, Karna mati kena panahé Arjuna, kyai Pasopa.

Wedharan Kata Arti Serat Tripomo

Pada 5
Gatra 1
  • Suryaputra : Adipati Karna 
  • Narpati : Ratu 
  • Ngawangga : Ngawangga 
Gatra 2
  • Len : Beda 
  • Yayah : Bapak 
  • Tunggil : Tunggal 
  • Ibu : Ibu 
Gatra 3
  • Aneng : Ana 
  • Nagri : Negeri 
  • Ngastina : Ngastina 
Gatra 4
  • Aja : Aja 
  • Kaya : Kaya 
  • Jaman : Jaman 
  • Mangkin : Mengko 
Gatra 5
  • Manggala : Panglima 
  • Golonganing : Ing wektu 
  • Prang : Perang 
Gatra 6
  • Ngalaga : Perang 
  • Ing : Ing 
  • Korawa : Korawa 
Gatra 7
  • Wonten : Wonten 
  • Malih : Meneh 
  • Kinarya : Tuladha 
  • Palupi : Becik 
 Gatra 8
  • Suwita : Ngabdi 
  • Mring : Marang 
  • Sri Kurupati : Prabu Kurupati 
Gatra 9
  • Kinarya : Didadekake 
  • Gul-agu : Andalan (agul-agul) 
Gatra 10
  • Baratayuda : Baratayuda 
  • Ingadegken : Didadekake 
  • Senapati : Panglima 

Pada 6
Gatra 1
  • Den : Diadep 
  • Kadange : Sedulure 
  • Pribadi : Piyambak 
Gatra 2
  • Aprang : Perang 
  • Tanding : Tandhing 
  • Lan : Nglawan 
  • Sang Dananjaya : Sang Dananjaya 
Gatra 3
  • Sri Karna : Prabu Karna 
  • Seneng : Seneng 
  • Manahe : Atine 
Gatra 4
  • Nggenira : Nafsu 
  • Pikantuk : Entuk 
Gatra 5
  • Marga : Mergane 
  • Dennya : Anggone 
  • Arsa : Arep 
  • Males : Welas 
  • Sih : Asih 
 Gatra 6
  • Ira : Karo 
  • Sang Duryudana : Sang Duryudana 
Gatra 7
  • Marmanta : Amarga 
  • Kalangkung : Banget 
Gatra 8
  • Denya : Anggone 
  • Ngetog : Ngetokake 
  • Kasudiran : Kasektene 
Gatra 9
  • Aprang : Perang 
  • Rame : Rame 
  • Karna : Karna 
  • Mati : Mati 
  • Jinemparing : Dipunjemparing 
Gatra 10
  • Sumbaga : Kondhang 
  • Wirotama : Prajurit kang utama/becik